Idul Fitri 1441 H: Pados Berkah ing Satengahing Wabah

Share on facebook
Share on twitter
Share on whatsapp
Dinten menika (1 Syawwal 1441 H) minangka dinten kamardikan sak sampunipun nindakaken siyam sadangungipun setunggal wulan. Ibadah siyam utawi pasa ing Ramadhan 1441 H (sewu sangangatus kawan dasa setunggal) sampun paripurna.

Sinaosa kanthi kahanan wabah, tanggal 1 Syawwal 1441 H umat Islam ing saindenging donya sesarengan ngagungaken asmanipun Allah SWT. Kanthi takbir, tahmid, lan tahlil mungel ngebaki jagad. Napa malih gunggunging umat Islam langkung saking setunggal milyar. Kathahipun semanten wau ing saindhenging donya ngagungaken asmanipun Allah SWT.

Dinten menika (1 Syawwal 1441 H) minangka dinten kamardikan sak sampunipun nindakaken siyam sadangungipun setunggal wulan. Ibadah siyam utawi pasa ing Ramadhan 1441 H (sewu sangangatus kawan dasa setunggal) sampun paripurna. Kanthi pangajab, miyos mayuta-yuta umat Islam ingkang saya ningkat takwanipun dhateng Allah SWT, kados pangandikanipun Allah SWT ing QS. Al-Baqarah 183 ingkang cara jawinipun kirang langkung mekaten::“Hei wong kang padha Mukmin. Sira kabeh diwajibake pasa, kaya para ummat sadurungira. Supaya sira kabeh padha taqwa marang Allah. Ing pungkasanipun ayat kasebut dipun ajab bilih ancas utawi tujuan diwajibake pasa inggih menika supados tiyang Mukmin dados tiyang-tiyang ingkang taqwa.

Taqwa inggih nggadhahi teges ngreksa. Inggih ngreksa saking duka siksanipun Allah SWT. Kanthi nindakaken dhawuhipun Allah SWT lan nebihi awisanipun. Ing satengahing wabah Corona mekaten, punapa kula panjenengan sampun dados tiyang ingkang taqwa?. Pitakenan kesebut saged dipun mangertosi jawabanipun ing manahipun piyambak-piyambak. Menawi kula panjenengan badhe mangertosi sepinten anggenipun mbangun miturut sedaya dhawuh lan awisanipun Allah SWT?

Tuladhanipun, nalika Allah SWT ndhawuhaken kula panjenengan siyam utawa pasa, alhamdulillah, kula panjenengan sampun nindakaken jejibahan kasebut. Salajengipun, pripun tindak-tanduk lan mbangun miturut kula panjenengan tumrap dhawuh Allah SWT sanesipun? kadosta jejibahan ingkang dumunung ing QS. Al-Baqarah 178 ingkang cara jawinipun kirang langkung mekaten: “He wong-wong kang padha iman, diwajibake tumrap sira qishaash ngengingi wong-wong kang padha dipejahi...”

Pripun tindak tanduk kula panjenengan sedaya ngengingi bab menika? Punapa kula panjenengan ugi taat nindakaken? Utawi malah ngujarake kemawon? Kamangka hikmah saking dipun wajibaken qishaas kasebut ugi sami kalihan dhawuh nindakaken pasa, inggih ndadosaken kula lan panjenengan dados tiyang ingkang taqwa. Lan tumrap sira kabeh ana ing males ukum pati iku panguripan, he wong kang padha duwe akal, supaya sira kabeh padha kareksa (saka ala)”. (TQS Al Baqarah: 179).

Ugi ngengingi haramipun riba, punapa kula panjenengan sampun nebihi? Allah SWT paring firmanipun ingkang dumunung ing QS. Al-Baqarah 275 ingkang cara jawinipun kirang langkung mekaten:“…. Allah nglilani marang wong kang dol tinuku, sarta nglarangi (ngaramake) riba”. Bunga ingkang wonten sakmenika kangge prajanjen utang-piutang sejatosipun satunggaling tuladha wujud riba, kados ngendikanipun (sabdanipun) Rasulullah SAW ingkang cara jawinipun kirang langkung mekaten:“Saben-saben utang-piutang ingkang ngasilake manfaat yaiku riba”.

Dumugi menika, punapa kula panjenengan estu-estu ngedohi awisanipun Allah SWT menika? Langkung-langkung, dhawuhipun Allah SWT kangge nebihi riba, bab menika sambet kalihan iman lan taqwa kula panjenengan. dhawuhipun Allah SWT ing QS. Al-Baqarah 278-279 ingkang cara jawinipun kirang langkung mekaten:Para Mukmin kabeh, sira padha bektiya ing Allah, lan nyingkirna kekerane riba, Manawa sira padha percaya (278). Dene yen sira ora padha ngestokake, sira padha weruh menawa Allah lan Utusane bakal merangi sira kabeh”. (279).

Ayat menika mboten namung ngrembag bab kapitadosan/ keimanan lan ketaqwaan, ayat menika paring pepeling kanthi tandhes, bilih Allah dan Rasul-Nya badhe nyendhu tiyang-tiyang ingkang boten nebihi riba. Menika salah satunggaling tuladha dhawuh lan awisan saking Allah SWT. Wekdal punika kula panjenengan ningali taksih kathah dhawuh Allah SWT ingkang dereng dipun tindakaken. Mekaten ugi awisan ingkang dipun langgar, mliginipun syariah Islam ingkang sesambetan tata cara panggesangan ing bebrayan ageng ingkang maujud wontenipun negari, sae ing babagan pemerintahan, ekonomi, sosial, hukum pidana, pendidikan, politik luar negeri lan sakpanunggalanipun. Pramila ngadhepi corona radi gedandapan.

Pramila dereng dipun trappaken syariah Islam kanthi kaffah ing panggesangan kula panjenengan menika ingkang ndadosaken kaum muslimin wekdal punika mrihatinaken, kejajah, remuk, lan babak bundas. Napa malih ningali sedherek-sedherek ing Palestina, Suriah, Iraq, Afghanistan, Xinjiang, Chechnya, Rohingya, Thailand Selatan, Filipina Selatan lan sak panunggalanipun. Sedherek kula panjenengan wau dijajah, disiksa, lan kathah ingkang dipun usir saking wewengkonipun. Boten wonten ingkang paring pangreksa.

Kangge mawas dhiri ing negari kula panjenengan menika ugi saya kathah ingkang mrihatinaken, inggih ingkang saya kedheseg kabetahan saben dintenipun. Bea panggesangan, bea pasinaon, lan kasarasan. Anugrah awujud bumi ingkang loh lan ngasilaken dipun regem dening para korporasi-korporasi manca negari. Sesrawungan para kaneman ingkang saya mutawatiri lan sapanunggalanipun. Sedaya wau amargi umat Islam sampun nglirwakaken tata cara panggesangan ingkang tebih saking Allah SWT.

Al-Qur’an minangka cepengan gesang dipun lirwakaken. Bab mekaten sampun jumbuh kalihan firmanipun Allah SWT ingkang dumunung ing QS. Thaha 124 ingkang cara jawinipun kirang langkung mekaten:Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab AL-Quran) yekti dheweke bakal nduweni penguripan kang rupeg. Ing besuk dina Qiyamat, wong mau Ingsun kelumpukkake, nanging mripate wuta.Miturut Imam Ibnu Katsir teges “mlengos saka pepeling Ingsun inggih menika: cengkah saking prentah-Ku lan menapa ingkang Allah tumurunake dhateng Rasul-Ku, nglalekake lan mendhet pituduh saking ngasanes (Tafsir al-Quran al-‘Azhim, V/323).

Panggesangan ingkang rupeg boten sanes panggesangan ingkang saya mrihatinaken sanget, mlarat, kejajah lan sapanunggalanipun. Kados dene ingkang kula panjenengan raosaken sakmenika ing negari-negari Islam. Rasulullah SAW paring katerangan bilih saben-saben ingkang cengkah saking syariah Islam badhe ndadosaken tumurunipun siksa saking Allah SWT. “Menawa zina lan riba sampun mratah ing salebeting negari, ateges warga negari kasebut sampun nyuwun dhateng Allah supados paring azab tumrap dheweke” (HR. Al-Hakim). 

Ramadhan 1441 H sampun paripurna. Kula panjenengan lumebet ing dinten Riyaya Idul Fitri. Sumangga dinten Riyaya Idul Fitri menika sinaosa ing kawontenan wabah, kula panjenengan ampun kesupen pados berkah. Inggih nindakaken syariah lan nebihi ingkang cengkah ing kawonten wabah ingkang saya mratah.

Lutfianto, SS.MA

Lutfianto, SS.MA

Pendidik di SMA Pajangan Bantul, Alumni Interdiciplinary Islamic Studies UIN Suka Yogyakarta